Ngoelandara (Classical Javanese Novel)

by

This is special for those who speak boso Jowo, a local language used by people in Central Java, Indonesia. It is so sad to admit that most teenagers in Java island have forgotten the language since they do not use it anymore.

This novel was written by Margana Djajaatmadja and published by Balai Pustaka in 1936. This novel will be uploaded in series.

The Synopsis:

Novel Ngulandara punika cariyosipun dipunwiwiti oto mogok. Nalika kahanan sampun sonten ugi jawah, otonipun kaluwarga Ajeng Tien kedah mogok wonten satunggaling mergi. Ramanipun Tien nyobi ndandani nanging dereng saged – saged, wusana kahananipin ngantos sonten banget, jawah saya deres, otonipun dereng saged urip. Boten dangu Den Bei sakeluwarga lajeng mlebet wonten oto. Manahipun tiyang sakaluwarga punika gusar sanget.

Boten langkung dangu wonten oto ingkang nyambangi. Lajeng jejaka ingkang nama Rapingun punika mbiyantu ndandani oto. Panjenenganipun boten purun nampi arta panuwunipun saking Den Bei. Kaluwarga langkung kuciwa sanget bilih jejaka wau boten purun nampani.

Wonten satunggaling dinten, Nyonyah Oet Hien, mitranipun Den Bei sowan supados badhe sadeyan emas. Nyonyah Oet Hien ugi karem nyade otonipun piyambak. Mangertos menawi oto punika oto ingkang diagem kaliyan Rapingun, Raden Ajeng Tien lajeng ndangu kaliyan Nyonyah Oet Hien. Boten klentu, sopir oto punika inggih Rapingun, jejaka ingkang mbiyantu kaluwarga Ngasisten. Oto kaliyan sopiripun lajeng dipunpundhut kaliyan kaluwarga.

Sopir pribadhinipun kaluwarga Ngasisten punika jejaka ingkang jujur, trampil, mrantasi, ugi sae pocapan saha tindak – tandukipun. Nglampahi pedamelan kanthi sucining manah, tansah ngabdi dhumateng kaluwarga Ngasistenan. Sadaya langkung remen dhumateng Rapingun.

Hel jaran liar kagungan kaluwarga mawon saged tundhuk kaliyan Rapingun. Menika amargi manahipun Rapingun ingkang sae, langkung sabar anggenipun ngruwat. Sedaya tindak – tandukipun Rapingun punika kedah ngedap – edapi kaluwarga.

Langkung dangu anggenipun ngudi wonten kaluwarga Ngasistenan, langkung raket ugi anggenipun memitran kaliyan putri Ngasistenan punika. Kekalihipun ugi sami remen ing batos. Sasampunipun kesumerepan menawi Rapingun punika salah satunggaling putra kraton ingkang kedah ngulandara, sedaya kaluwarga inggih sansaya gumun. Jejaka kraton purun nglampahi lelampahan kados punika. Boten klentu menawi tiyang punika inggih tiyang ingkang wicaksana, tiyang ingkang nggadhahi kaluhuran saha beciking bebudhen. Pantes menawi Raden Ajeng Tien punika lajeng dipunpundhut garwa kaliyan piyambakipun.

(One day, Soepartinah, a.k.a Raden Ajeng Tien, together with her parents, was on the way back to their house in Ngadireja in Central Java when they had trouble with their car. Raden Bei Asisten Wedana tried hard to fix it but failed. They were stuck on a quiet and almost deserted road between Temanggung and Wanasaba, two towns on the slope of Mt. Sumbing.

When it had become dark, a car came approaching. The driver stopped the car behind them and came out together with the co-driver. The driver who was a handsome young man offered help to fix the car–which was welcomed by the three with pleasure. Finally, he managed to fix the car and they continued their way to their destination.)

Tags: , , , , ,

Leave a comment